(。◕‿◕。) AYO RAIH PRESTASI



Assalamu'alaikum. Di dalam blog ini terdapat sekumpulan materi sekolah maupun kuliah. Ingin usul materi lain?
Silakan tinggalkan komentar / isi guest book di sidebar sebelah kanan ya.
Bagi-bagi ilmu sambil cari rezeki. Bismillah. Kami menjual aneka gamis, baju couple, sandal karakter, garskin HP, garskin notebook / laptop, stiker pengiriman, desain brosur, dll. Minat? Just comment. :)

Warm regards

-Ririt & Riana-

Kursor

Queens Crown

Rabu, 16 April 2014

NASKAH PEMBAWA ACARA KHITANAN BAHASA JAWA

Halo pembaca setia ayoraihprestasi blog! :D
Hari ini kami akan membagikan contoh / tuladha naskah host / MC / protokol / pranatacara dalam bentuk bahasa jawa.(basa jawa) dalam acara khitanan. Semoga membantu :)


Assalamu’alaikum wr.wb.
Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Panjenenganipun para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan.

Kadang werdha mudha ingkang tansah kula tresnani nuhoni saking keparengipun ingkang mengku gati nun inggih panjenenganipun Bp.Sugito sekaliyan kula ingkang piniji minangka pranatacara, langkung rumiyin saderengipun pahargyan prasaja ing kalenggahan punika tinarbuka, sumangga panjenengan sadaya tansah kula dherekaken monjukaken puja miwah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Ageng, dene ngantos titi wanci punika panjenengan sadaya miwah kula taksih pinaringan Rahmat saha barokahipun.

Katitik kita sadaya taksih kaparengaken kempal manunggal sapejagong wonten ing pahargyan prasaja ingkang kawengku dening panjenenganipun Bp.Sugito sekaliyan. Ingkang ing wekdal punika hanggadhahi hajat nyupitaken putranipun ingkang kekasih Bg. Rezki Indrawan. Mangga tansah kita dongakaken sesarengan mugi lare kesebat tumunten enggal mantun lan dados lare ingkang bekti dhumateng tiyang sepuhipun, agami, bangsa, lan nagari.

Salajengipun mboten kesupen shalawat lan salam mugi-mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW awit wewarahipun sampun kita andhemi kanthi teguh, satemah paring pitedah dhumateng margining kaleresan lan kasingkiraken saking margi ingkang mboten dipun ideni dening Gusti Allah.

Para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, murih rancaging adicara ing kalenggahan punika saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun kasanggit dening para kulawangsa, nun inggih:

  • Kapisan atur pambuka
  • Kalajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur’an
  • Atur pambagyaharja
  • Kasambet pengaosan
  • Panutup

Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara ingkang sampun karakit dening para kulawangsa, murih rahayuning sedya mangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan lancar lan tinebihaken saking sengkala.

Nuwun, nuwun, maturnuwun.
😊

11 komentar:

Pembaca yang budiman.
Silakan tinggalkan komentar.
We'll be glad to respond your comment(s). ^_^

Copyright© All Rights Reserved ayoraihprestasi.blogspot.com